Ibu Bumi Bapa angkasa - KHOIRUNNAS ANFA'UHUM LINNAS
Headlines News :
Home » » Ibu Bumi Bapa angkasa

Ibu Bumi Bapa angkasa

Written By joyojuwoto on Kamis, 13 Mei 2010 | 21.29

Hawa panas kang dirasakake dening manungsa ing wektu iki jalaran saka patrape manungsa dhewe.

Akeh para manungsa kang lali marang kawicaksanane leluhur anggone memetri bumi lan saisine. Akeh piwulang sinandhi para leluhur biyen kanggo nglestarekake bumi supaya mberkahi tumprape panguripane manungsa.

Salah sawijine piwulang kang sinandhi mau contone aja ngrusak tetanduran utawa wit-witan kang wis ngrembuyung. Para leluhur paring wewaler menawa ngrusak wit kang gedhe bakal kuwalat amarga ing kono ana sing mbaureksa. Mula sapa wae wedi ngrusak wit kang gedhe ngrembuyung. Sejatine, kang sinandhi ing wewaler mau ora liya supaya wit-witan bisa kanggo ngeyupi, bisa uga kanggo njaga rumembese banyu ana ing njero lemah, kejaba yen diupakara kanthi peni nambahi asrine lingkungane. Ewadene ing wektu saiki akeh perangane menungsa kang seneng ngrusak wit-witan kalebu ing tlatah alas lan ing pagunungan.

Sejatine wewaler mau dudu thakayul.

Kamangka sing jenenge tetanduran kuwi ngasilake oksigen kang dibutuhake manungsa. Menawa akeh kang rusak alas lan tetandurane tegese sangsaya suda oksigen kang diasilake. Kahanan kaya mangkono ndadekake panase hawa ing jagad wektu saiki.

Semono uga yen mirsani kaya apa tata wewangunane omah ing Jawa saiki wis adoh saka wewangunan kang diripta dening para leluhur biyen. Wewangunan omah joglo, limasan lan sapanunggalane iku ora liya amarga para leluhur biyen tansah nyawiji karo alam lingkungane. Menawa katitipriksa perangan kang katutup lan tinarbuka isih akeh perangane omah kang tinarbuka.

Beda karo jaman saiki tata wewangunane omah akeh kang katutup tinimbang kang tinarbuka. Mula saiki akeh omah kang nganggo AC kang sejatine ana zat kang menawa terus-terusan anggone nggunakake njalari hawa ing njaba omah dadi panas yaitu kang sinebut freon.

Ing liya bab yaiku gegayutan karo tata pengalohe sawah ing wektu saiki wis ora miturut apa kang ing biyen sinebut pranata mangsa. Kapan wae arep tandur saiki wis gampang amarga nganggo cara-cara kang jinurung dening rabuk kimia dudu rabuk kandhang. Amarga saka kuwi akeh pabrik-pabrik kang ngasilake rabuk kimia kang nuwuhake regede hawa iki utawa kang saiki tembunge polusi.

Apa maneh ing jaman saiki akeh para manungsa kang nggunakake barang-barang kang diwadhahi kaleng contone wewangen, obat nyamuk semprot lan sapanunggalane kang migunakake zat-zat kimia kang ngrusak lapisan Ozon. Kamangka para leluhur biyen nggunakake wewangen kanthi cara alam contone ratus, oyot loro setu, lan pirang-pirang jenis kembang ginawe cem-ceman. Kanggo ngusir nyamuk ing jaman biyen cukup nganggo onthel (kembang kluwih sing garing).

Mula ing jaman saiki kejaba akeh alas sing rusak ketambahan akeh pabrik-pabrik mau ndadekake mundhake regede hawa ing jagad iki amarga gas-gas sing nyebabake apa kang disebut efek rumah kaca. Akeh zat-zat kang ngrusak lapisan hawa kang nuwuhake sunare srengenge luwih akeh sing ditampa bumi ora satimbang karo cahya kang dipantulake. Kuwi kabeh sing nyebabake tambah panase bumi.

Pungkasane, ing kene bisa disebutake menawa kawicaksanane para leluhur anggone memetri bumi nganggo lelandhesan pangrasa ora pangrusak. Buktine, para leluhur ing biyen ing tanah Jawa yen ngarani angkasa kuwi bapa yen bumi kuwi ibu. Ing pangrasane menawa jagad agung iki kudu dikurmati kaya yen nyebut ing pandonga yaitu Bapa Angkasa, Ibu Bumi. Menawa angkasane dirusak lan bumine dirusak tegese orang kurmat marang bapa lan ibune.


::Dening: Tundjung W Sutirto, Dosen Jurusan Sejarah FSSR UNS::
Share this article :

0 komentar:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. KHOIRUNNAS ANFA'UHUM LINNAS - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger